Kepiye Dadine
Kembang sore wus ilang gandane
Banyu kali wis ajeg mili
Bener Kandane kae
Rendheng ora bisa ndhodhok, ketiga ora bisa cewok
Manuk gagak lunjak-lunjak nanging wulune ora njanges
maneh Nadyan kekitera ngubengi wuwungan
Nanging wis ora di percaya weh sasmita
Gelang-gelang kumrincing ing wancil lingsir wengi
Sajake wis ora gawe miris lan mrinding
Kepiye dhadine...............
Sawangen, among tani padha njola
Ngrumat panenane wae ora bisa
Dicegat pegijon diluru nganti pantok galengan
Kepiye dadine...................
Aja ngira jamane wis beda,
Wong ngemis dhuwite mayuta yuta
Panguwasa gagah padha rebutan ngrayah duwit rakyat
Sing kebangeten piwulang diwalik grembyang
Becik katampik sing ala katampa..... donya.........donya,
Kepiye dadine
Apa kelakon besuk ana sing duwe omah ditundhung lunga?
Anak lali wong tua, bakal tuwuh srengenge tanpa cahya?
Kepiye dadine
Sumber Derap Guru Jateng Oleh : Dwi Yatmoko
Contoh Geguritan
Related Post:
Contoh GeguritanKepiye Dadine Kembang sore wus ilang gandane Banyu kali wis ajeg mili Bener Kandane kae Rendheng or… Read More
Kebo Nyusu Gudhel Wis dadi lelakon Gajah kesrimpet tralane Gadhing hamung piranthi Kadikdayane awak sing … Read More
Kidung Piweling Jarene Simbah Danu Aja sok urus butuhing lian Wedare mbah Danu Aja sok urus butuhing lian Koe … Read More
SETYASwasana suka Njalari gingsire prasetya Nggiring marang prahara Pait madu esemu Gawe gatering ati, u… Read More
Contoh Geguritan "Kidung Biyung" Kidung Biyung Dening Raminah Baribin Ngger mumpung rembulane gedhe Jembar kalangane Jum… Read More
Posted
by
Berbagai Info
on
Saturday, March 29, 2014
,
2
Comments
Subscribe to:
Post Comments
(
Atom
)
Contoh Geguritannya sangat membantu terimakasih
ReplyDeleteMaaf gan baru sempat balas comennya, terimakasih juga ya dah mampir.
Delete