Sunday, May 19, 2019

Pengertian Basa Ngoko

Ngoko - Basa Ngoko kaperang dadi 2 (loro), yaiku ngoko lugu lan ngoko andhap (alus).
  1. Basa ngoko lugu, yaiku basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampuran tembung krama.
    Tuladha ngoko / contoh kalimat ngoko:
    Aku lagi mangan iwak wedhus
    Kancaku ora tau adus
    Ngoko lugu titikane : 
    1. tetembungane ngoko;
    2. nggunakake ater-ater tripurusa  (dak, ko, di) ngoko;
    3. panambang (ku, mu, e, ake) ngoko, lan
    4. tembung sesulih utama purusa : aku, madyama purusa:kowe.
  2. Basa Ngoko alus, yaiku basa kang tembung-tembunge ngoko kecampuran tembung krama inggil, mretelaake ngajeni.
    Tuladha basa ngoko alus: "Bapak mau awan wis dahar"
    "Ibu guru ora rawuh"
    Ngoko alus titikane :
    1. tetembungane ngoko kacampur tembung krama inggil.
    2. tembung sesulih utawa purusa: aku, madyama purusa: njenengan, sliramu, mbakyu, yen kapanggih enom diganti adhi, dhimas.
    3. ater-ater lan panambang ngoko, lan
    4. tetembungane krama inggil digunakake ing wasesane tembung.

4 comments:

Silahkan berkomentar dengan baik & Relevan dengan conten Artikel, Dilarang menyisipkan Link Hidup. jika Teks url blog/web atau isi di daftar tamu itu diperbolehkan, Terima kasih.