Tuladha Cangkriman Pepindhan:
- Pitik walik saba kebon (nanas)
 - Urang sapikul matane pira? (ana 6 = Urang, sapi, kul)
 - Sega sekepel dirubung tinggi ( salak)
 - Ora mudhun-mudhun yen nggawa mrica sekantong (kates)
 - Emboke dielus-elus anake diidek-idek (andha)
 - Gajah nguntal sangkrah (pawon)
 - Ing nduwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngunduh krambil)
 - Kebo bule cancang merang (buntil)
 - Disuguh opak angin (ora disuguhi apa-apa)
 - Anake gelungan biyunge ngrembyang (pakis)
 - Wis gedhe kok ngguyu tawa (nangis)
 - Pitik walik saba meja (sulak, kemoceng)
 - Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon (dom /jarum)
 - Wit adikhih woh adhakah (waloh)
 - Wit adhakah woh adhikih (ringin)
 - Emboke wuda, anake tapihan (pring)
 - Diketok malah duwur (celana)
 
No comments:
Post a Comment
Silahkan berkomentar dengan baik & Relevan dengan conten Artikel, Dilarang menyisipkan Link Hidup. jika Teks url blog/web atau isi di daftar tamu itu diperbolehkan, Terima kasih.