Wednesday, February 13, 2013

Contoh Geguritan "Kidung Biyung"

Kidung Biyung 
Dening Raminah Baribin
Ngger mumpung rembulane gedhe
Jembar kalangane
Jumangkahe
Dikebat gumregah ngoyak panjangka
Andepani karsa
Ora mung netramu kang ngetut lakumu
Nanging getih ing jantungku
Tumetes sok-sokan kaya banjiring
Kringetmu yen lagi jethungan

Ngger yen kesandhung sikilmu kesimprung
Busik kulitmu tatu atimu
Balia
Soken luhmu ing pangkonku
Tak cucupe getihing tatumu
Nganti tuntas


Ngger kanti esem lan guyumu
Tak undha sliramu
Methik lintang lan rembulan
Kanthi klilip lan luh ing netramu
Kene dak sapihe nganggo pucuking tapihku.

No comments:

Post a Comment

Silahkan berkomentar dengan baik & Relevan dengan conten Artikel, Dilarang menyisipkan Link Hidup. jika Teks url blog/web atau isi di daftar tamu itu diperbolehkan, Terima kasih.