Monday, February 3, 2020

Contoh Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2

A.Pilihen wangsulan a, b, c, utawa d sing koanggap bener!
Sekar Pangkur angrumpaka
Pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,
Demak Adipati Anus,
Sultan ageng Tirtayasa,
Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,
Pangeran Diponegoro, Kyai Maja dadya kanthi
Kapetik saking Aku Bisa Nembang
  1. Tembung pangkur iku sabne sapana ana.......
    a. 5
    b. 6
    c. 7
    d. 8
  2. Gatra kapindho guru wilangan lan guru lagune Pangkur yaiku.......
    a. 8a
    b. 11u
    c. 11i
    d. 8u
  3. "Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung." Tembung sumusul iku linggane......
    a. sumu
    b. susul
    c. sinusul
    d. susu
  4. "Sekar pangkur angrumpaka."Tembung ngrumpaka iku tegese.............
    a. nglakokake
    b. ngrakit
    b. nembangake
    c. nyanyekake
  5. Cacahing wanda saben sagatra sekar macapat punika aranipun...........
    a. guru lagu
    b. guru gatra
    c. guru wilangan
    d. guru pada

    Gumelar jembar bumi asri
    Sumunar sumringah sunare bagaskara,
    Padhang sumilak hanelahi jagad nuswantara,
    Bumi pusaka wus kawentar,
    ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani,
    Wutah getihku daktresnani.
  6. Dasanamane bagaskara kaya kasebut ing ngisor iki, kejaba.....
    a. surya
    b. kartika
    c. bagaspati
    d. srengenge
  7. Tembung kawentar  tegese.............
    a. kondhang
    b. kawetu
    c. katon
    d. katelah
  8. Bumi tegese kaya ing ngisor iki, kejaba...........
    a. tasik
    b. pertiwi
    c. kisma
    d. jagad
  9. Dasanamane sumilak yaiku...............
    a. njingglang
    b. mbiyak
    c. sulap
    d. resik
  10. Geguritan "Wutah Getihku" duwe wekas supaya................
    a. njaga langgenging kamardikan
    b. guyup rukun anyambut kardi
    c. ngurbanake jiwa raga
    d. bebarengan ambangun negara

No comments:

Post a Comment

Silahkan berkomentar dengan baik & Relevan dengan conten Artikel, Dilarang menyisipkan Link Hidup. jika Teks url blog/web atau isi di daftar tamu itu diperbolehkan, Terima kasih.